Jumat, 15 Juli 2011

Kang Sun kersakake iku kawelasan, dudu korban

Waosan Matius 12 : 1 - 8

Nalika para wong farisi mirsani anggone para murid kang methiki gandum ing dina sabath, matur dhateng Gusti Jesus, ature guru murid - murid panjenengan sami nerak angger - anggeripun dinten sabath ....
Gusti Jesus paring dhawuh, apa kowe padha lali..., nalika senapati Dawud lan para pandereke sing luwe sowan nyuwun roti marang imam Abimelekh ? kang banjur diparingi roti kang kalorod saka roti pencawisan kagem Gusti Allah ?.....
Wong farisi mau anggone nindakake pranatane agama mung wantahan wae, (formalitas) mula ing batine kebak rasa kang mung nudingi wong - wong kang ora nindakake pranatan agama, kaya kang ditindakne dewe....
Ora nindakne karana ati, manawa nindakne kalawan ati, mwesthi tuwuh welas amarga para murid pancen luwe....

Jumat, 03 Desember 2010

Aku kang kudu ngowahi awaku

Nalika aku isih enom lan kebak pengangen angen
Aku kepengin ngowahi jagad
Bareng karo tambahe umur lan kawicaksananku
Tetep wae jagad ora owah kaya karepku

Angen - angenku banjur tak gawe luwih ciyut
Dakputusake mung arep ngowahi negeriku
Nanging ing kanyatan, pangangen - angen mau ora ana kasile

Nalika umurku sang saya tuwa
kanthi sisaning semangat uripku
Dak putusake mung arep ngowahi brayatku
Para wong kang paling raket karo aku
Nanging ing kanyatan .....brayatku mau ora gelem dak owahi

Aku lagi bisa ngrumangsani .....
Yen sing wiwitan tak owahi kuwi kudune awaku dhewe
Kanthi ndadekake awaku minangka panutan
Mbok manawa aku bisa ngowahi brayatku
Sakbanjure awit panjurung saka brayatku mau
mbok manawa aku uga bisa ndadani negeriku
lan ora mokal jagad iki uga bisa diowahi

Syukur ing sadhengah kang tinemu

Manawa sega wis kebacut dadi bubur ora perlu digetuni, tampanen bubur kuwi lan di dhahar kalawan tansah ngucap syukur.

Manawa awaku ora bisa atur syukur marang kang wus tinampa, lamun awaku bisa nggayuh kang kasedya.

Rabu, 25 Agustus 2010

Keblate ngener ngendi ?

Saumpama kowe di takoni sadulur mangkene, wong kristen kuwi manawa sembahyang keblate ngener menyang ngendi ?
Ibrani mangsuli manawa wong kristen manawa sembahyang keblate ngener Gusti Jesus, wiwit mula buka lan sateruse.

Gusti Jesus paring dhawuh "Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan, ora ana wong siji - sijiya kang sowam marang Sang Rama, manawa ora metu Aku"
I am the way the trught and the life, no one come the father excetp thrught me

Kabingahaning tiyang bener

Lukas 14 :1 , 7 - 14
ing dina sabath apa kena tetulung ? coba pikiren kanthi ati kang tulus ....
yen diundangi ing pahargyan, aja seneg lungguh ing papan kang ngarep dewe, apa dene papan kang sinengker kanggo tamu agung......iki tuladha supaya andap asor
Yen kowe nduwe gawe aja ngundangi wong - wong sugih wae...... iki tuladha kadang konang

Selasa, 30 Maret 2010

Persembahan kanthi tulus

Persembahan kunjuk ing Gusti mono durung mesthi dikeparengake Gusti Allah
Umpamane :
Persembahane Kain ora katarima, nanging persembahane Abil tinampa
Persembahane wong Parisi ora tinampa nanging persembahan
randha miskin, ndadekake karenan penggalihe Gusti Jesus.
Persembahane Raja Saul katolak, amarga Raja Saul ora mituhu dhawuhe
Gusti Allah.
Persembahane Ananias lan Safira, akeh nanging ora ditampa Gusti Allah,
awit kinanthene ati kang ora tulus.
Persembahane Maria, lenga Narwastu kang diesokake ana sampeyane Gusti
Jesus, lan banjur diusapi kanthi rambute Maria.
Lenga Narwastune Maria mau pengaji 300 dinar, manawa dikerta aji rupiah
wektu 31 maret 2010 kurang luwihe 12 juta rupiah

Minggu, 28 Maret 2010

Pangandikane Gusti Allah gawe sukarena

Yokanan 21 : 1 - 9
Petrus, Thomas, Natanael, Yokanan, Yakobus, lan kancane loro maneh kang ora kasebutake jenenge, padha golek iwak ana ing danau Tiberias, mbaleni gawean lawas.
Nanging eloking kahanan, Petrus lan kanca - kancane mau tukang golek iwak wiwit lair awit saka wong tuwane, anggone golek iwak wektu kuwi ora oleh iwak siji - sijia , pari basan wader cethul siji wae ora oleh.
Baren wis awan padha bali minggir, kira - kira dohe saka pinggiring danau kurang luwihe 100 meter, ana pawongan (Gusti Jesus, kang durung dingerteni) dhawuh supaya jalane tinibake maneh manengen / ing tengene perahu, ya saka daya pangribawane dhawuh mau sanadya padha ora mangerti sapa sing dhawuh mau, iya padha nindakna dhawuh mau, kocapa bareng dhawuh mau ditindakna, jalane ditarik, kebak iwak gede - gede kehe ana 153 iwak gede - gede.
Yokanan dadi eling manawa kang dhawuh mau Gusti Jesus, banjur ngandhani kanca - kancane, Petrus banjur nganggo sandhangan lan nyebur danau marani Gusti Jesus, kanca - kancane ya banjur padha marani Gusti Jesus, lan padha weruh ing pinggire danau mau wis ana iwak lan roti bakar cumawis.
Gusti Jesus banjur dhawuh maneh supaya njupuk iwak sebagian kang mentas dijala mau, kabeh mau mesthi ana kersane Gusti kang sakalangkung endah, kanggo urip kita saiki.