Selasa, 23 Desember 2008

Natal

Para wong Majus padha atur Kado konjuk Gusti Yesus sing rawuh ing donya, apa kita ya kado nyaosake kado konjuk rawuh Dalem Gusti Yesus Kristus ?
Apa wis cecawis ? apa durung ?
Nuladha marang apa kang katindakake Ibu Maria, panjenengane sawise nampa pawarta, bab rawuhe Sang Immanuel, lan Kenya Mariya kang nampani rawuhe Dalem G. Yesus, saka Nasaret banjur lumaku menyang pegunungan , daleme Elizabet, ing kutha Ain Karem ing tlatah Juda , dohe kutha mau saka Nazaret kurang luwihe 160 km, lan ibu Mariya ana ing omahe imam Zakariya watara telung wulan, nganti laire Yohanes Pembabtis, sendhang kang banyune diagem ibu Mariya karan The Virgin's Spring lan ing dhuwure ana gereja Visitasi, ing dindinge ngarep gereja mau ana kidung pujian Mariya kanthi 40 basa kalebu basa Indonesia, lan ana petilasane omahe imam Zakariya saiki uga di degi Gereja Yohanes Pembaptis, lan ing dindhing ngarep ana kidung Zakariya kang uga katulis maneka warna basa.
Mula kado apa kang patut kagem Gusti Yesus ya ?

Selasa, 16 Desember 2008

Kado Natal paling endah

Nampa kado Natal ing saben riyadi Natal kang arupa pangan , sandang, cinderamata, apa dene parcel, wis barang lumrah lan saben Natal dak tampa kanthi sukaerna.
Nanging kado kang dak tampa ing tahun 2008 iki , mujudake kado kang paling endah sing wis tahu dak tampa, lan apa tahun - tahun sak banjure ya bisa dak tampa maneh ? dak sesuwun Gusti kang akarya jagad marengake maneh.
Mangkene mungguh caritane kado kang paling endah iki, umurku ing kalodangan iki 61 tahun 5 wulan, nanging aku isih dikeparengake Gusti Allah bisa maca kitab suci tanpa migunakake kaca mata, kamangka umume yen wis umur 40 tahun munggah yen kaca matane keri ora bisa maca, geneya kok aku sih dikeparengake bisa maca tanpa nganggo kaca mata , ora liya kuwi awit paringe Gusti ingkang maha asih.
La ing tahun iki ana salah sijine muridku cerdas, nanging ora bisa maca awit pancen mripate manawa kanggo maca isih cetha, la aku sing nduweni kaluwihan ing mataku bis mbantu macakake muridku mau, mula nggawe bungah bungah

Jumat, 12 Desember 2008

Aku iki Patangen

I am the resurrection and the life, he whoo believes in me will live even though he dies, and whoever lieves and bilieve in me will never die

Manawa Gusti Yesus wus dadi patangen lan kauripan, dadi kanggone sing padha pracaya wus cetha manawa kita bakal sukarena

Pangon Kang Utomo

I am the good shepherd, the good shepherd lays down his life for the sheep
The Lord is my shepherd, I shall not bein want, He makes me lie down in green pastures, he leads me beside quiet waters, he restores my soul. He guides me in paths of righteousness for his name's sake. Even though I walk, through the valleyof the shadow of death, I will no evil for you are with me, your rod and your staff they comfort me.
Pancen pangon kang utomo mau bakal tansah ngawat - awati lan nuntun marang wedhus - wedhuse, ya mung pangon kang utomo wae kang kanthi rila legawa masrahake nyawane kanggo wedhus - wedhuse.

Aku iki dalane

I am the way and the truth and the live, no one comes to the Father ecept throught me
Urip ana ing donya iki saumpamane wong sing lelungan, dadi jeneng lelungan mono ora bakal saklawase, nanging mesthi kapan - kapan kepengin mulih, lha dalane mulih kuwi ora saben wong mangerti, amarga saben wong wis kadunungan reget ana ing paran (donya) mau.
Mung bejane wae Gusti Allah ora negakake kabeh wong sing lungan ana ing donya mau, kanthi katresnane Gusti Allah maringi dalan kang bener, ya kuwi Putraning Allah piyambak.
Dene Sang Putra mandar paring pangandika kang banget maremake, awit kabeh manungsa sing gelem pracaya marang Sang Putra mau, bakal di pethuk, lan digendhong mulih, ana dhawuh mangkene "Dene manawa Aku wus mrana lan wus nyawisake papan kanggo kowe, tumuli Aku bakal bali lan ngajak kowe menyang ing papan padununganKu, supaya ing ngendi padununganKu, kowe iya padha anaa ing kono uga. (Daleme Sang Rama).

Kamis, 11 Desember 2008

Pasangan Ku entheng

Come to me, all you who are viary and burdened, and I will give you rest.
For my yoke is easy and my burden is light.
Jaman biyen kurang luwihe 50 tahu kepungkur, sawenehe petani ing ndesa manawa nggarap sawah padha disengkuyung dening won akeh, mula ora mokal yen sing padha nggarap mono mesthine kudu lumaku bebarengan.
Dadi ana ngendi wae uripe manungsa mono kudu tansah tulung tinulung ing bab karepotan
sarta ngudi pasangan kang endah

Minggu, 07 Desember 2008

Pepadhanging Jagad

Aku iki pepadhanging jagad, sing sapa ngetut buri Aku bakal ora lumaku ing pepeteng nanging padha nduweni padhanging urip.

Sadhengah tiyang gesang mbetahaken pepadhang, amrih punapa ingkang kasedya saget kalampahan knthi sae lan wilujeng, saumpami tiyang ingkang lumampah wonten ing petengan badhe tansah mangu - mangu lampahipun, awit samar manawi kecemplung ing luwenagan, punapa dene nyandhung sela, lsp.
Langkung - langkung ingkang magepokan kaliyan gesanging nyawa, temtu sadaya tiyang ngudi amrih saget manggih kawilujengan , lan sadaya mburu wonten pundi dunungipun pepadhang, rahayu sadaya tiyang ingkng samoun wanuh dhateng Gusti Yesus, awit inggih Gusti Yesus punika ingkang dados pepadhang kangge para tiyang pitados.

Roti Panguripan

Aku iki roti panguripan, sing sapa marani Aku bakal ora luwe maneh, lan sing sapa pracaya marang Aku bakal ora ngelak maneh, mangkono sabda Dalem Gusti Yesus.

Para sadherek ingkang kinasih, sadaya tiyang gesang ngaten mbetahaken daharan lan unjukan, inggih daharan lan unjukan kangge kekiyatanipun badan jasmani lan mboten katalumpen daharan lan unjukan kangge batinipun / nyawanipun.
Ingkang punika sampun kesupen bab daharan lan unjukan kangge batin kula lan panjenengan sadaya, Gusti Yesus sampun maringi dhateng sadaya tiyang pitados.

Kamis, 27 November 2008

Pray continually

Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga aja nagnti bosen

Ndedonga mono kudu kinantenan ati kang tulus, setya lan sumarah ing karsa Dalem Gusti ingkang Maha Asih, manawa aku nduwe panemu yen sakabehing padonga iku mesthi Gusti mirsani lan kersa mirengake, nanging apa kang kaparingake dening Gusti mau salaras karo kersane Gusti, lan kanggo kabecikane para kagungane sing ngaturake panuwun / panembah lan panyuwunan.
Dadi yen ta mangkono iku ateges ora kok Gusti ora marengake nanging peparinge Gusti mau pancen ora cocok karo sing diarep arep dening manungsa kala mangsanipun.
Awit Gusti Yesus kagungan pamirsa ingkang luwih becik, kaya gambarane panyuwune randha marang hakim kang ora wedi marang Gusti Allah.

Selasa, 25 November 2008

Roti lima lan iwak loro

Gusti Yesus trenyuh galihe amarga akeh wong kang padha nderek lan ngrungokake piwulange Gusti, mula Gusti Yesus banjur dhawuh marang para murid supaya padha menehi angan wong - wong kanng padha ana ing ara - ara samun kono.
Para murid padha bingung awit ing kono an wong cacah 5000 luwih, njur matur Gusti yen kanggo menehi mangan wong semono akehe, kuwi ora cukup yen ta tuku roti 200 dinar , amarga saka akehing wong

Senin, 24 November 2008

Karahayon

Zakheus juru mupubeyo kepengin mangerti sapa ta Gusti Yesus kuwi, nanging gandeng zakeus kuwi wonge cebol tur ora disenengi dening wong farisi, amarga Zakeus kuwi juru mupubeya kang dianggep dadi antheke bangsa Roma, mula anggone Zakeus kepengin nyumurupi Gusti, Zakeus malyu ndisiki laku lan banjur menek wit anjir ing ngendi Gusti Yesus badhe liwat, tumenan Gusti Yesus banjur liwat ing sangisore ing ngendi zakeus menek.
Gusti yesus ngendika marang Zakeus, Zakeus muduna, ing dina iki Aku bakal nginep ana ngomahmu.

Minggu, 23 November 2008

Banyu dadi anggur

"Padha kentekan anggur"
Ibu Mariya ingkang wedal semanten nenbe rewang wonten ing dhusun Kana, Ibu Mariya mirsani manawi ingkang gadhah damel kekirangan anggur kangge segahan, manawi prekawis wau mboten saget pikantuk anggur temtu tiyang ingkang ngawontenaken hajadan kala wau badhe manggih lingsem, nanging ibu Mariya penggalihanipun berlian sanget, awit ibu Mariya mboten ngendika dhateng tiyang ingkang rewang sanes ingkang kapokok dening ingkang kagungan damel, ibu Mariya lajeng ngendika dhateng Gusti Yesus, ibu Mariya pitados manawi Gusti Yesus temtu kuwaos lan kersa maringi anggur ingkang dipun betahaken.
Sinaosa Gusti Yesus ngendika "Ibu panjenengan ngarsakaken punapa dhateng kula ? dereng dumugi wedal kula"
Nanging ngendikanipun Gusti Yesus ingkang makaten wau mboten nyurutaken kapitadosanipun ibu Mariya, saget dipun tingali kaliyan dhawuhipun ibu Mariya dhateng para pelados "Apa sadhawuhe marang kowe padha lakonnana"
Kasunyatanipun pancen makaten para pelados ingkang kadhawuhan dening gusti Yesus supados genthong - genthong diiseni toya, lan kadadosanipun sareng toya - toya wau dipun aturaken dhteng tetungguling pahargyan, sanyatanipun toya wau sampun dados anggur iongkang raosipun langkung eca katandhing anggur ingkang sampun kaladosaken ing ngajeng.

Aku iki abdine Pangeran

"Sumangga, kawula punika abdinipun Pangeran kadhatengana kados dene ingkang Paduka ngendikakaken"

Manawa tiyang nampa warta, tanggapan tiyang umumipun gumantung kaliyan warta ingkang dipun tampeni, yen warta wau mbungahake ati temtu pangadikanipun sae " matur nuwun " utawi "puji syukur" , nanging kosok wangsulipun manawa warta wau nyedhihake , tiyang umumipun mboten saged ngendika punapa - punapa , lan manawi warta wau ngelek - elek dhateng pribadinipun, umumipun lajeng ngedalaken pangandikan ingkang kirang sae, mandar nama sato kewan alas mijil sadaya.
Nanging kebiasaan kala wau nyebal kaliyan ingkang dipun tindakaken dening ibu Mariya, ibu Mariya ingkang wedal semanten nembe pepacangan kaliyan bapa Yusuf, pikantuk warta bilih ibu Mariya badhe nggarbini saha badhe kagungan putra kakung, sepisanan kaget sanget kaliyan warta ingkang mokal kala wau, awit ibu Mariya rumaos dereng nindkaken jejering jejodhoan, awit pancen nembe pepacangan, nanging sarehne ingkang paring kabar wau utusanipun Gusti Allah, lan katerangaken bilih pancen ibu Mariya badhe nggarbini lan kagungan putra kakung kang asmanipun "Immanuel" sampun kacethakaken dening malaikatipun pangeran ibu Mariya mboten saged suwala, lan ibu Mariya ngrumaosi bilih dados abdinipun Gusti Allah ngaten kedah sumarah kanthi tulus.
Kula kinten mboten wonten pawestri sanes ingkang saget nindakaken punapa ingkang katindakaken dening ibu Mariya kala wau.