Kamis, 27 November 2008

Pray continually

Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga aja nagnti bosen

Ndedonga mono kudu kinantenan ati kang tulus, setya lan sumarah ing karsa Dalem Gusti ingkang Maha Asih, manawa aku nduwe panemu yen sakabehing padonga iku mesthi Gusti mirsani lan kersa mirengake, nanging apa kang kaparingake dening Gusti mau salaras karo kersane Gusti, lan kanggo kabecikane para kagungane sing ngaturake panuwun / panembah lan panyuwunan.
Dadi yen ta mangkono iku ateges ora kok Gusti ora marengake nanging peparinge Gusti mau pancen ora cocok karo sing diarep arep dening manungsa kala mangsanipun.
Awit Gusti Yesus kagungan pamirsa ingkang luwih becik, kaya gambarane panyuwune randha marang hakim kang ora wedi marang Gusti Allah.

Selasa, 25 November 2008

Roti lima lan iwak loro

Gusti Yesus trenyuh galihe amarga akeh wong kang padha nderek lan ngrungokake piwulange Gusti, mula Gusti Yesus banjur dhawuh marang para murid supaya padha menehi angan wong - wong kanng padha ana ing ara - ara samun kono.
Para murid padha bingung awit ing kono an wong cacah 5000 luwih, njur matur Gusti yen kanggo menehi mangan wong semono akehe, kuwi ora cukup yen ta tuku roti 200 dinar , amarga saka akehing wong

Senin, 24 November 2008

Karahayon

Zakheus juru mupubeyo kepengin mangerti sapa ta Gusti Yesus kuwi, nanging gandeng zakeus kuwi wonge cebol tur ora disenengi dening wong farisi, amarga Zakeus kuwi juru mupubeya kang dianggep dadi antheke bangsa Roma, mula anggone Zakeus kepengin nyumurupi Gusti, Zakeus malyu ndisiki laku lan banjur menek wit anjir ing ngendi Gusti Yesus badhe liwat, tumenan Gusti Yesus banjur liwat ing sangisore ing ngendi zakeus menek.
Gusti yesus ngendika marang Zakeus, Zakeus muduna, ing dina iki Aku bakal nginep ana ngomahmu.

Minggu, 23 November 2008

Banyu dadi anggur

"Padha kentekan anggur"
Ibu Mariya ingkang wedal semanten nenbe rewang wonten ing dhusun Kana, Ibu Mariya mirsani manawi ingkang gadhah damel kekirangan anggur kangge segahan, manawi prekawis wau mboten saget pikantuk anggur temtu tiyang ingkang ngawontenaken hajadan kala wau badhe manggih lingsem, nanging ibu Mariya penggalihanipun berlian sanget, awit ibu Mariya mboten ngendika dhateng tiyang ingkang rewang sanes ingkang kapokok dening ingkang kagungan damel, ibu Mariya lajeng ngendika dhateng Gusti Yesus, ibu Mariya pitados manawi Gusti Yesus temtu kuwaos lan kersa maringi anggur ingkang dipun betahaken.
Sinaosa Gusti Yesus ngendika "Ibu panjenengan ngarsakaken punapa dhateng kula ? dereng dumugi wedal kula"
Nanging ngendikanipun Gusti Yesus ingkang makaten wau mboten nyurutaken kapitadosanipun ibu Mariya, saget dipun tingali kaliyan dhawuhipun ibu Mariya dhateng para pelados "Apa sadhawuhe marang kowe padha lakonnana"
Kasunyatanipun pancen makaten para pelados ingkang kadhawuhan dening gusti Yesus supados genthong - genthong diiseni toya, lan kadadosanipun sareng toya - toya wau dipun aturaken dhteng tetungguling pahargyan, sanyatanipun toya wau sampun dados anggur iongkang raosipun langkung eca katandhing anggur ingkang sampun kaladosaken ing ngajeng.

Aku iki abdine Pangeran

"Sumangga, kawula punika abdinipun Pangeran kadhatengana kados dene ingkang Paduka ngendikakaken"

Manawa tiyang nampa warta, tanggapan tiyang umumipun gumantung kaliyan warta ingkang dipun tampeni, yen warta wau mbungahake ati temtu pangadikanipun sae " matur nuwun " utawi "puji syukur" , nanging kosok wangsulipun manawa warta wau nyedhihake , tiyang umumipun mboten saged ngendika punapa - punapa , lan manawi warta wau ngelek - elek dhateng pribadinipun, umumipun lajeng ngedalaken pangandikan ingkang kirang sae, mandar nama sato kewan alas mijil sadaya.
Nanging kebiasaan kala wau nyebal kaliyan ingkang dipun tindakaken dening ibu Mariya, ibu Mariya ingkang wedal semanten nembe pepacangan kaliyan bapa Yusuf, pikantuk warta bilih ibu Mariya badhe nggarbini saha badhe kagungan putra kakung, sepisanan kaget sanget kaliyan warta ingkang mokal kala wau, awit ibu Mariya rumaos dereng nindkaken jejering jejodhoan, awit pancen nembe pepacangan, nanging sarehne ingkang paring kabar wau utusanipun Gusti Allah, lan katerangaken bilih pancen ibu Mariya badhe nggarbini lan kagungan putra kakung kang asmanipun "Immanuel" sampun kacethakaken dening malaikatipun pangeran ibu Mariya mboten saged suwala, lan ibu Mariya ngrumaosi bilih dados abdinipun Gusti Allah ngaten kedah sumarah kanthi tulus.
Kula kinten mboten wonten pawestri sanes ingkang saget nindakaken punapa ingkang katindakaken dening ibu Mariya kala wau.