Senin, 14 Desember 2009

Aku iki Roti Panguripan

"Aku iki Roti Panguripan, sing sapa marani Aku ora bakal luwe maneh, lan sing sapa pracaya marang Aku, ora bakal ngelak maneh"

Sapa wae sing kepengin wilujeng padha marekka maring Gusti Jesus, kang kersa dadi roti panguripan, kang pinangkane saka suwarga, punapa kita sampun pitados ? , manawi dereng benjang napa badhe pitados ?

Kamis, 03 Desember 2009

Pitados bisane wilujeng

Pawestri sing wis lara 12 tahun bisa wilujeng awit anggone gupadi bisane ndemek jubahe Gusti Yesus, ora merduli tumindkae mau kanthi rekasa kang tanpa ukur awit wis lara suwene 12 tahun, manawa anane saiki lagi lara sadina wae , sok aras - arasen jumangkah ngudi Gusti ...
Wong lumpuh sing wis lara 38 tahun, nanging tetep usada bisane mari ana ing sapinggire kolam siloam, mula ya Gusti Jesus marani, supaya wong kang kaya ngono mau mari saka larane
Pawestri saka serofinisia sing butuh mertamba marang Gusti Jesus kanggo anake sing lara, sanadyan ditolak Gusti Jesus malah diumpamakake asu wae, uga ora duwe rasa serik, lah yen Gusti mau satemene mung neter karo percayane, kuwi tulus apa mung lamis marga arep golek pitulungan

Kamis, 08 Oktober 2009

LALI

Luk1s 17 : 11 - 19
John Hughes wis 35 th dadi sopir taxi ana New York, ing sawijining dina nalika wayah sore dheweke ngresiki taxine, dheweke nemu cincin permata ana ing jok buri taxine mau.
John ngeling - eling penumpange mau awan kira - kira sapa sing kelangan cincin permata mau, awit wingi nalika resik - resik taxine durung ana cincin permata mau, dai mesthi duweke penumpang awan mau.
Kathi meres pikirane John ngeling - eling kanthi ati kang tulus, wusanane John kelingan yen mau awan ana penumpang wanita setengah tuwa sing dinuga nduweni cincin permata mau, John banjur ngeling - eling ing ngendi wanita mau mudhun.
Sakwise 2 dina wusanane John bisa nemokake omahae wanita mau, John banjur menehake cincin mau, lan bener duweke wanita kuwi, John banjur bali saperlu nutugake anggone nyopir taxi lan golek penumpang, ya mung ing pikirane nggagas aja maneh ta yen wanita mau menehi hadiah, sedeng kandha matur nuwun wae kok ora, kok ya talah temen najan John pancen ora kepengin diwenehi hadiah. sikepe wanita mau ceples karo wong 9 sing wis mari lara saraate, kok ya ora bali matur nuwun marang Gusti Jesus sing nyarasake, kajab mung wong siji wong samaria, sing bali ngaturake panuwun ! lha awaku padha sing endi ya ?

Senin, 21 September 2009

Jesus Kristus (Mesias)

Aku iki Roti Panguripan ....................(Yok 6 : 15)
Aku iki Pepadhange Jagad ................(Yok 8 : 12)
Aku iki Lawange .................................(Yok 10 : 9)
Aku iki Pangon Kang Utomo .............(Yok 10 : 11)
Aku lan Sang Rama iku siji.................(Yok 10 : 36)
Aku iki Patangen lan Kauripan .........(Yok 11 : 25)
Aku iki Dalane, Jatine Kayekten ......(Yok 14 : 6)
Aku iki Wite Anggur ...........................(Yok 15 : 5)
Ature Petrus "Sang Kristus Putraning Allah"

Rabu, 05 Agustus 2009

Syukur ana ing ngarsane Gusti

Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu ....
Piwulange rasul Paulus marang pasamuwan ing Tesalonika mau, pancen ora gampang dilakoni, nagnging, jejering titah manawa gelem ngakoni manawa sanyatane mono pancen ringkih, kanthi tulus ya kudu nyuwun marang Gusti Allah, iya Gustining ingkang sarwa tumitah wontena kepareng Dalem Gusti ingkang Maha mirah paring kekiyatan dhateng kula.
Minangka tuladha mrih bisa tansah syukur, kita aja mung mikirake barang kang durung ana, nanging bisaa tansah mikirake barang kang wus tinampa.
Umapamane padha - padha mirsani gelas kang isi wedang setengah gelas. kang siji mirsani lan mikirake kok mung isi setengah gelas, ateges iku mung mirsani separo gelas kang kothong.
Dede sijine mirsani kanthi mikirake wah lumayan isih ana setengah gelas, awit dheweke mikirake lan mirsani setengah gelas kang isi wedang.

Jumat, 10 Juli 2009

Nepsua nanging aja gawe dosa

Ef esus 4 : 6 , jabur 4 : 3
Percy Arrowsmith lan florence, ing th 2005 kacathe ing rekor Guinness minangka pasangan suami isteri paling tuwa sakndonya, awit anggone neningkahan wis 80 th, Arowsmith wektu kuwi yuswa 105 th, lan Florence garwane yuswa 100 th, nanging anggne andon tresna kaya manten anyar wae.
Geneya kok bisa mangkono mau, kuwi apa werdine ? pangandikane prasaja wae, dheweke sakloron ora bakal turu yen durung ngudhari sawenehing konflik ing uripe, dheweke duwe komitmen aja nggawa nepsu sakjroning turu.
Dheweke kandha karo somahe sakdurunge turu, ngrampungake konflike, kanthi padha dene ngapura - ingapura, banjur kalajengake ciuman mratandhani konflike wis bubar, banjur rerangkulan lan sare.

Aja waton ngomong

Markus 6 : 14 - 29 , Wb. 18 : 21
Pati urip padha kawengku ing ilat ....
Nabi Yokanan, jejering nabi ngemutake sang Raja Herodes, ora prayoga tindake anggone nggarwa Herodias garwane pangeran Pilipus adhine.
Pangandikane nabi Yokanan mau ditanggapi dening Herodias garwane Pilipus, kanthi ati kang njola, saupama bisa mono kepengin nyedani Yokanan, amarga wani ngrembuk perselingkuhane Herodias lan raja Herodes, wiwit kuwi atine Herodias tuwuh rasa bisaa nyedani nabi Yokanan, kanthi cara apa wae.
Rikala raja Herodes ambal warsa, putrine Herodias beksa ana sakngajenge raja Herodes, raja Herodes kepranan penggalihe, kanthi tanpa mikir sing jero, banjur ngandika marang sang putri,supaya nyuwuna apa wae bakal kaparingan tumeka separoning kerajaan yen sang putri gelem, nanging sang putri nau terus matur marang ingkang ibu ip. Herodias.
Tan kocapa Herodias seneng penggalihe, bakal kelakon pepenginane nyedani nabi Yokanan.
mulane, sang putri kadhawuhan matur nyuwun sirahe nabi Yokanan kawadhahana beri.
panyuwune san putri mau ndadekake sungkawane raja Herodes, nanging sabda pendita ratu.
kadhung janji karo sang putri sineksenan para punggawane raja Herodes.

Sabtu, 20 Juni 2009

Panggodha

Nalikane Gusti Yesus, bubar pasa sing suwene 40 dina lan 40 bengi, panggodha banjur sowan Gusti Yesus lan ngomong "manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela - sela punika panjenengan sabdakaken dados roti" . Gusti Yesus paring wangsulan "uripe manungsa iku ora mung saka roti wae nanging saka sakehing sabda kang miyos saka lesane Allah.
Mula ing jaman saiki apa jaman biyen uga jaman sesuk, manawa manungsa mau ngakonana mung titah sawantah, lamun lesah manawa kena ing panggodha.

Kamis, 18 Juni 2009

The Temptation of Jesus

Then Jesus was after fasting forty day and forty night, the tempter come him and said "if You are Son of God, tell these stone to become bread"
Jesus answered " man does not live on bread stone only, but on every word, that comes from the mouth of God"
again devil was said " if you are Son of God, throf yourself down, He will command his angels concerning you, and they lift you in their hands so that you will not strike your foot against a stone"
Jesus answered "Do not put the Lord you God to the test"
but devil took him every high montain, and showed him all the kingdom and their splendor, and devil was said " All this I will give you, if you will bow down and whorship me"
Jesus answered " away from me satan !, worship the LOrd your God and serve him only"

Jesus was always win, becaose the holy spirit with Jesus always.

Selasa, 09 Juni 2009

Kapitadosanipun pawestri

Angger aku bisa demek jubahae bae, aku mesthi mari.

Manawa kita naliti kahanan kita ing saben dinane, ketemune akeh - akeh kurang tegen tumindak, kanggo nggayuh apa sing dikarepake, lan manwa ora katurutan apa kang dadi sedyaku, gampang aku nyalahake wong liya.
Coba manawa kit gelem kadi dene pawestri kang lara nggrajag getih suwene wis 12 tahun, mertamba menyang para dhukun, nganti ngentekake kabeh bandhane tetep durung bisa mari, nanging sanadyan awake kanggo obah bae mesthine ya rekasa, ewa semono anggone kepengin mujudake pangandele marang Gusti Yesus, kanthi ndhesel - ndhesel wong sepirang - pirang nggayuh bisa ndemek jubahe Gusti Yesus.
Mula kanthi mangkono bisa mari larane awit kersane Gusti Yesus, kang ngalem pangandele pawestri mau.

Kawula punika abdinipun Pangeran

Sumangga kawula punika abdinipun Pangeran, kadhatengan kados dene ingkang Paduka ngandikakaken.

Awerat pangandika wau kawedal ing kula lan panjenengan sadaya, manawi kula wau nembe nampeni pangadikanipun tiyang sanes ingkang maringi kabar, badhe nglingsemakaen pribadi kula lan panjenengan sadaya.
Namung prakawis wau saget kalampahan, manawi kula lan panjenengan sadaya saget andhap asor kados dene ibu Maria.

Senin, 04 Mei 2009

Woh Apel

Ana woh apel, rupane abang tuwa, mulus lan nengsemake marang sapa wae, naging manawa apel mau arep dipangan, apel mau kandha aku aja tok pecah - pecah ya, gandeng ana tembung - tembung mau, wusanane apel mau ora ana sing mangan.
lan suwenimg suwe apel mau dadi bosok, wis ora ana sing mbutuhake, lan apae mau tetep durung ana sing mangan, apae mau durng tahu migunani.
Mangkono uga uripe manungsa, sanadyan uripe tansah nengsemake marang sapa wae, amarga saka sugihe / saka cakepe / saka pintere , nanging manawa pribadine ora kena dipecah, ya bakal suwening suwe bosok, lan ora migunani maneh.

Sabtu, 11 April 2009

Wiji Gandum

Satemene pitur - Ku marang kowe "Manawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, mesthi tetep saelas wae, nanging manaw wiji iku mati, bakal metokake woh akeh. "(yok 12 : 24)
Urip kaya apel, manawa ana apel sing rupane abang gedhe lan banget nengsemake, marang sapa wae kang nyawang, kabeh - kabeh kepengin ngrasakae kaya apa enake mangan apel mau, nanging manawa apel mau kandha aja dipangan, mengko mundhak kahananku rusak lan ora nduweni daya tarik maneh.
Saiki piye yen sing padha nyawang mau mung kandhek ing kandhane apel mau ? apa kira - kira sing padha nyawang mau wis bisa ngrasakake rasane apel mau ? mesthi wae ora bisa ngerti rasane apel mau, ya mung bisa crita manawa apel mau kahanane banget nengsemake ! lan suwening suwe apel mau bosok lan ora maedahi marang sapa wae, sing padha nyawang mau
Mangkono uga bab kang magepokan karo kahanan kita ana ing tegahing urip bebrayan iki, manawa kita ora gelem dipecah lan di pangan dening wong akeh. urip kita bakal muspra tanpa guna lan ya ora maedahi apa2, wusanane ya mung bakal ngrepotne liyan.

Sabtu, 28 Maret 2009

Kita bisa ngapura

Maos kitab Ayub 5 : 2
Andre atine lara banget, awit bubar diblenjani dening kadange kang banget ditresnani, Andre banjur matur bapake manawa atine tuwuh rasa benci karo kadange mau, jane mono Andre ya gelem ngapura manawa kadange mau gelem ngakoni kaluputane lan nyuwun pangapura, nanging genea wis ditunggu - tunggu kok kadange mau ayem - ayem wae, mula Andre banjur benci.
Karo bapake Andre dijak menyang nggudang , Andre didhawuhi ngecek mesin potong suket sing wis suwe ora tau digunakne, jebul wis teyengen kabeh malah rodane peso potonge ora bisa mubeng, bapake banjur ngandhani Andre supaya mesine diresiki teyenge lan dilengani , di puter - puter bagian sing kudu mubeng, sakwise resik tenan lan dilengani, wusanane mesin mau bisa digunakne kanthi lancar.
Bapake banjur ngandhani Andre, mengkono uga yen atine manungsa mau ketuwuhan rasa benci, lan kuciwa terus - terusan , rasa - rasa mau bisa marakne ati mau teyengen amarga ora kagunakae kanggo ngapura keluputane wong liya, anae mung kuciwa lan lara ati wae, mula bapakne dhawuh supaya Andre ngapura kaluputane kadange mau sanadyan kadange ora gelem nyuwun ngapura, amarga durung mesthi yen kadange mau ngrumangsani gawe kaluputan, bisa uga kadange mau rumangsa yen tindake mau wis bener,
Mangkono uga awake dhewe iki ana ngarsane Allah, akeh tandang tanduk muna muni sing cengkah karo kersane Gusti Allah, nanging nyatane Gusti Allah kersa ngapura sakabehing kaluputan kita, mandar Gusti Yesus Sang Putra kersa rawuh ing donya, nglampahi sangsara seda sinalib lan wungu ing telung dinane, saperlu ngapura kasalahan kita manungsa.

Rabu, 04 Maret 2009

Cepengan Janjinipun Gusti Allah

Waosan Purwaning Dumadi 9 : 8 - 17
Markus 1 : 9 - 15

Ing saben dintenipun kula sadaya tansah tetunggalan kaliyan janji - janji
Puanapa janji kaliyan semah, putra wayah punapa dhateng pribadi kula piyambak. emanipun asring janji - janji kala wau asring mboten kaleksanan. Kenging punapa ?
awit janji wau sampun kcalan katresmnan, katresnan ngaten mujudaken suhing janji, dados manawi suhwau pedhot, inggih mboten benten kaliyan sapau sada ingkang kapedhotan suh, temtu lajeng ambyar sadanipun.
Kluwung (Pelangi) dados pratandha janjinipun Gusti Allah kaliyan rama Nuh, bilih Gusti Allah menawi mirsani kluwung wau lajeng mboten badhe numpes ingkang sarwa tumitah malih, awit prasetyanipun Gusti Allah kalliyan Nuh dalasan putra lan mantunipun.
Makaten ugi bilih gusti Allah prasetya badhe milujengaken manungsa karana sangsaranipun Gusti Yesus. Kanti pratandha baptis.

Nuladha Gusti Yesus Nalika wiwit nggelaraken Injil

Yunus 3 : 1 -10
Markus 1 : 14 - 20
Kenging punapa Gusti Yesus anggenipun nggelaraken injil mboten wiwit saking Yerusalem ? Punapa Gusti Yesus ajrih kaliyan raja Herodes ingkang nembe mawon mejahi Yokanan pembaptis, temtu kemawon mboten makaten, awit Gusti Yesus kagungan etangan bilih nggelaraken injil ing Yesusalem temtu kemawon kathah pepalang saking golonganipun raja herodes.
Awit saking punika Gusti Yesus anggenipun nggelaraken injil kawiwitan saking kitha Yudea, amargi tiyang - tiyang Yudea pancen langkung majeng kabudayanipun, awit kathah bangsa - bangsa sanes ingkang sami mondhok
Mila piwucalipun Gusti Yesus gampil dipun tampeni.

Sabtu, 24 Januari 2009

Martaake kabar kabingahan

Nalika Yohanes pembaptis kasedanan dening raja Herodes, Gusti Yesus banjur tindak ing tanah Galilea, tanah Zebulon lan Naftali saperlu miwiti anggone martaosake kabar kabingahan.
Kena ngapa Gusti Yesus ora miwiti saka Yerusalem, Yudea ing Israel iring kidul, amarga Gusti Yesus nyingkiri raja Herodes, iki ora amarga Gusti Yesus wedi, nanging supaya anggone nggelarake sabdane Gusti ora nemu pepalang, mula Gusti Yesus pilih ing tanah Israel iring lor, penduduke luwih maju, lan luwih luwes amarga bangsa kang ana kono manekawarna bangsa sing pada urip bebarengan, la uga tanahe luwih subur, para misaya mina okeh kang tinemu berhasil kaya ta Simon lan andreas, Zebedheus lan anak - anake Yokanan lan Yakobus, iki nuladhani marang kita kabeh yen ngabarke injil ora butuh mung merga wani lan bener, nanging kudu nganggo petung supaya ora dadi pasulayan.
Lan Gusti Yesus ngendika " Padha mratobata, kratone suwarga wis cwdak" , Gusti ora pisan -pisan meksa nanging mung nuntun supaya padha sadar temah bisa mratobat.

Jumat, 16 Januari 2009

Mratobat

Yunus 3 : 1 - 10
Nalika kadhawuhan Yunus ngelingake wong - wong Niniwe supaya sakjroning 40 dina kudu mratobat, dhawuh Gusti Allah mau ora digatekake dening nabi Yunus, Yunus malah lunga menyang Tarsis kangadoh saka Niniwe, naging Gusti Allah paring bebendu marang nabi Yunus, kanthi kapal kang ditumpangi nabi Yunus tinempuh ing prahara gede nganti wusanane di undhi dening pangarsaning awak kapal, sapa sing marakake klapal mau katempuh ing prahara, akhire nabi Yunus kang kena undi, mula nabi Yunus rame - rame digotong dicemplungne segara, banjur lakune kapal bali normal maneh. eloking kahanan nabi Yunus mau ora tiba ing dhasare segara, nanging diuntal dening iwak kang gedhe banget, nabi Yunus ana sanjerone weteng iwak mau ndedonga nyuwun panagapura marang gusti Allah. Elokking kahanan nabi yunus anaing wetenge iwak nagnti telung dina mau wilujeng, iku kabeh amarga pangawasane Gusti, nabi Yunus banjur dimuntahake iwak mau menyang daratan. lan wusanane nabi Yunus didhawuhi Gusti maneh supaya bali menyang Niniwe, ing Niniwe nabi Yunus banjur tumundak apa kang dikersakne Gusti Yesus.