Sabtu, 24 Januari 2009

Martaake kabar kabingahan

Nalika Yohanes pembaptis kasedanan dening raja Herodes, Gusti Yesus banjur tindak ing tanah Galilea, tanah Zebulon lan Naftali saperlu miwiti anggone martaosake kabar kabingahan.
Kena ngapa Gusti Yesus ora miwiti saka Yerusalem, Yudea ing Israel iring kidul, amarga Gusti Yesus nyingkiri raja Herodes, iki ora amarga Gusti Yesus wedi, nanging supaya anggone nggelarake sabdane Gusti ora nemu pepalang, mula Gusti Yesus pilih ing tanah Israel iring lor, penduduke luwih maju, lan luwih luwes amarga bangsa kang ana kono manekawarna bangsa sing pada urip bebarengan, la uga tanahe luwih subur, para misaya mina okeh kang tinemu berhasil kaya ta Simon lan andreas, Zebedheus lan anak - anake Yokanan lan Yakobus, iki nuladhani marang kita kabeh yen ngabarke injil ora butuh mung merga wani lan bener, nanging kudu nganggo petung supaya ora dadi pasulayan.
Lan Gusti Yesus ngendika " Padha mratobata, kratone suwarga wis cwdak" , Gusti ora pisan -pisan meksa nanging mung nuntun supaya padha sadar temah bisa mratobat.

Jumat, 16 Januari 2009

Mratobat

Yunus 3 : 1 - 10
Nalika kadhawuhan Yunus ngelingake wong - wong Niniwe supaya sakjroning 40 dina kudu mratobat, dhawuh Gusti Allah mau ora digatekake dening nabi Yunus, Yunus malah lunga menyang Tarsis kangadoh saka Niniwe, naging Gusti Allah paring bebendu marang nabi Yunus, kanthi kapal kang ditumpangi nabi Yunus tinempuh ing prahara gede nganti wusanane di undhi dening pangarsaning awak kapal, sapa sing marakake klapal mau katempuh ing prahara, akhire nabi Yunus kang kena undi, mula nabi Yunus rame - rame digotong dicemplungne segara, banjur lakune kapal bali normal maneh. eloking kahanan nabi Yunus mau ora tiba ing dhasare segara, nanging diuntal dening iwak kang gedhe banget, nabi Yunus ana sanjerone weteng iwak mau ndedonga nyuwun panagapura marang gusti Allah. Elokking kahanan nabi yunus anaing wetenge iwak nagnti telung dina mau wilujeng, iku kabeh amarga pangawasane Gusti, nabi Yunus banjur dimuntahake iwak mau menyang daratan. lan wusanane nabi Yunus didhawuhi Gusti maneh supaya bali menyang Niniwe, ing Niniwe nabi Yunus banjur tumundak apa kang dikersakne Gusti Yesus.