Sabtu, 28 Maret 2009

Kita bisa ngapura

Maos kitab Ayub 5 : 2
Andre atine lara banget, awit bubar diblenjani dening kadange kang banget ditresnani, Andre banjur matur bapake manawa atine tuwuh rasa benci karo kadange mau, jane mono Andre ya gelem ngapura manawa kadange mau gelem ngakoni kaluputane lan nyuwun pangapura, nanging genea wis ditunggu - tunggu kok kadange mau ayem - ayem wae, mula Andre banjur benci.
Karo bapake Andre dijak menyang nggudang , Andre didhawuhi ngecek mesin potong suket sing wis suwe ora tau digunakne, jebul wis teyengen kabeh malah rodane peso potonge ora bisa mubeng, bapake banjur ngandhani Andre supaya mesine diresiki teyenge lan dilengani , di puter - puter bagian sing kudu mubeng, sakwise resik tenan lan dilengani, wusanane mesin mau bisa digunakne kanthi lancar.
Bapake banjur ngandhani Andre, mengkono uga yen atine manungsa mau ketuwuhan rasa benci, lan kuciwa terus - terusan , rasa - rasa mau bisa marakne ati mau teyengen amarga ora kagunakae kanggo ngapura keluputane wong liya, anae mung kuciwa lan lara ati wae, mula bapakne dhawuh supaya Andre ngapura kaluputane kadange mau sanadyan kadange ora gelem nyuwun ngapura, amarga durung mesthi yen kadange mau ngrumangsani gawe kaluputan, bisa uga kadange mau rumangsa yen tindake mau wis bener,
Mangkono uga awake dhewe iki ana ngarsane Allah, akeh tandang tanduk muna muni sing cengkah karo kersane Gusti Allah, nanging nyatane Gusti Allah kersa ngapura sakabehing kaluputan kita, mandar Gusti Yesus Sang Putra kersa rawuh ing donya, nglampahi sangsara seda sinalib lan wungu ing telung dinane, saperlu ngapura kasalahan kita manungsa.

Rabu, 04 Maret 2009

Cepengan Janjinipun Gusti Allah

Waosan Purwaning Dumadi 9 : 8 - 17
Markus 1 : 9 - 15

Ing saben dintenipun kula sadaya tansah tetunggalan kaliyan janji - janji
Puanapa janji kaliyan semah, putra wayah punapa dhateng pribadi kula piyambak. emanipun asring janji - janji kala wau asring mboten kaleksanan. Kenging punapa ?
awit janji wau sampun kcalan katresmnan, katresnan ngaten mujudaken suhing janji, dados manawi suhwau pedhot, inggih mboten benten kaliyan sapau sada ingkang kapedhotan suh, temtu lajeng ambyar sadanipun.
Kluwung (Pelangi) dados pratandha janjinipun Gusti Allah kaliyan rama Nuh, bilih Gusti Allah menawi mirsani kluwung wau lajeng mboten badhe numpes ingkang sarwa tumitah malih, awit prasetyanipun Gusti Allah kalliyan Nuh dalasan putra lan mantunipun.
Makaten ugi bilih gusti Allah prasetya badhe milujengaken manungsa karana sangsaranipun Gusti Yesus. Kanti pratandha baptis.

Nuladha Gusti Yesus Nalika wiwit nggelaraken Injil

Yunus 3 : 1 -10
Markus 1 : 14 - 20
Kenging punapa Gusti Yesus anggenipun nggelaraken injil mboten wiwit saking Yerusalem ? Punapa Gusti Yesus ajrih kaliyan raja Herodes ingkang nembe mawon mejahi Yokanan pembaptis, temtu kemawon mboten makaten, awit Gusti Yesus kagungan etangan bilih nggelaraken injil ing Yesusalem temtu kemawon kathah pepalang saking golonganipun raja herodes.
Awit saking punika Gusti Yesus anggenipun nggelaraken injil kawiwitan saking kitha Yudea, amargi tiyang - tiyang Yudea pancen langkung majeng kabudayanipun, awit kathah bangsa - bangsa sanes ingkang sami mondhok
Mila piwucalipun Gusti Yesus gampil dipun tampeni.