Jumat, 10 Juli 2009

Nepsua nanging aja gawe dosa

Ef esus 4 : 6 , jabur 4 : 3
Percy Arrowsmith lan florence, ing th 2005 kacathe ing rekor Guinness minangka pasangan suami isteri paling tuwa sakndonya, awit anggone neningkahan wis 80 th, Arowsmith wektu kuwi yuswa 105 th, lan Florence garwane yuswa 100 th, nanging anggne andon tresna kaya manten anyar wae.
Geneya kok bisa mangkono mau, kuwi apa werdine ? pangandikane prasaja wae, dheweke sakloron ora bakal turu yen durung ngudhari sawenehing konflik ing uripe, dheweke duwe komitmen aja nggawa nepsu sakjroning turu.
Dheweke kandha karo somahe sakdurunge turu, ngrampungake konflike, kanthi padha dene ngapura - ingapura, banjur kalajengake ciuman mratandhani konflike wis bubar, banjur rerangkulan lan sare.

Aja waton ngomong

Markus 6 : 14 - 29 , Wb. 18 : 21
Pati urip padha kawengku ing ilat ....
Nabi Yokanan, jejering nabi ngemutake sang Raja Herodes, ora prayoga tindake anggone nggarwa Herodias garwane pangeran Pilipus adhine.
Pangandikane nabi Yokanan mau ditanggapi dening Herodias garwane Pilipus, kanthi ati kang njola, saupama bisa mono kepengin nyedani Yokanan, amarga wani ngrembuk perselingkuhane Herodias lan raja Herodes, wiwit kuwi atine Herodias tuwuh rasa bisaa nyedani nabi Yokanan, kanthi cara apa wae.
Rikala raja Herodes ambal warsa, putrine Herodias beksa ana sakngajenge raja Herodes, raja Herodes kepranan penggalihe, kanthi tanpa mikir sing jero, banjur ngandika marang sang putri,supaya nyuwuna apa wae bakal kaparingan tumeka separoning kerajaan yen sang putri gelem, nanging sang putri nau terus matur marang ingkang ibu ip. Herodias.
Tan kocapa Herodias seneng penggalihe, bakal kelakon pepenginane nyedani nabi Yokanan.
mulane, sang putri kadhawuhan matur nyuwun sirahe nabi Yokanan kawadhahana beri.
panyuwune san putri mau ndadekake sungkawane raja Herodes, nanging sabda pendita ratu.
kadhung janji karo sang putri sineksenan para punggawane raja Herodes.