Kamis, 07 Januari 2010

Sekongkelan

Rikala manungsa mau padha ngumpul, apa sing disedya bisa apik nanging uga bisa ora apik, yen ta pancen sing padha ngumpul mau kepengin bab - bab sing becik, ya pancen iku padha rukun, kaya paribasan "Rukun agawe santosa"
Nanging manaw pepenginan mau bab - bab sing ora apik, ya ora ateges rukun , nanging trep manawa sinebut "sekongkelan"
Contone rikala manungsa kepengin gawe Menara Babil.
Wektu semono manungsa ajak - ajak "payo padha yasa kutda, nganggo manara kang pucake sundhul langit, supaya jeneng kita bisa misuwur, supaya jeneng kita dadi misuwur lan kita aja nganti pating slebar.
Nanging rancangan mau ora dikeparengake Gusti Allah, kanthi Gusti Allah , lan basane sing mau padha di bedak - bedakne antarane sisji lan liyane.

Ati kang gumunggung

Wis kaya dene ciri wanci, yen ta manungsa mau kepengin ngungkuli sapa wae, lan yen bisa mono kepengin madhani Gusti Allah.
Rikala manungsa ana ing patamanan Edden, nalika dibujuki si ula, supaya dahar wohing wit pangawruhe becik lan ala, sepisanan ibu Khawa ngandarake yen ta wohing uwit mau ora kena di pangan, awit dhawuhe Gusti Allah, mengko manungsa mundhak mati, nanging bareng di kandhani si ula yen ora bakal mati nanging malah bisa madhani Gusti Allah.
Bareng krungu tembunge si ula yen bisa madhani Gusti Allah, terus methik uwoh sing dadi larangane Gusti mau, awit kepengine mung arep madhani Gusti Allah.