Selasa, 30 Maret 2010

Persembahan kanthi tulus

Persembahan kunjuk ing Gusti mono durung mesthi dikeparengake Gusti Allah
Umpamane :
Persembahane Kain ora katarima, nanging persembahane Abil tinampa
Persembahane wong Parisi ora tinampa nanging persembahan
randha miskin, ndadekake karenan penggalihe Gusti Jesus.
Persembahane Raja Saul katolak, amarga Raja Saul ora mituhu dhawuhe
Gusti Allah.
Persembahane Ananias lan Safira, akeh nanging ora ditampa Gusti Allah,
awit kinanthene ati kang ora tulus.
Persembahane Maria, lenga Narwastu kang diesokake ana sampeyane Gusti
Jesus, lan banjur diusapi kanthi rambute Maria.
Lenga Narwastune Maria mau pengaji 300 dinar, manawa dikerta aji rupiah
wektu 31 maret 2010 kurang luwihe 12 juta rupiah

Minggu, 28 Maret 2010

Pangandikane Gusti Allah gawe sukarena

Yokanan 21 : 1 - 9
Petrus, Thomas, Natanael, Yokanan, Yakobus, lan kancane loro maneh kang ora kasebutake jenenge, padha golek iwak ana ing danau Tiberias, mbaleni gawean lawas.
Nanging eloking kahanan, Petrus lan kanca - kancane mau tukang golek iwak wiwit lair awit saka wong tuwane, anggone golek iwak wektu kuwi ora oleh iwak siji - sijia , pari basan wader cethul siji wae ora oleh.
Baren wis awan padha bali minggir, kira - kira dohe saka pinggiring danau kurang luwihe 100 meter, ana pawongan (Gusti Jesus, kang durung dingerteni) dhawuh supaya jalane tinibake maneh manengen / ing tengene perahu, ya saka daya pangribawane dhawuh mau sanadya padha ora mangerti sapa sing dhawuh mau, iya padha nindakna dhawuh mau, kocapa bareng dhawuh mau ditindakna, jalane ditarik, kebak iwak gede - gede kehe ana 153 iwak gede - gede.
Yokanan dadi eling manawa kang dhawuh mau Gusti Jesus, banjur ngandhani kanca - kancane, Petrus banjur nganggo sandhangan lan nyebur danau marani Gusti Jesus, kanca - kancane ya banjur padha marani Gusti Jesus, lan padha weruh ing pinggire danau mau wis ana iwak lan roti bakar cumawis.
Gusti Jesus banjur dhawuh maneh supaya njupuk iwak sebagian kang mentas dijala mau, kabeh mau mesthi ana kersane Gusti kang sakalangkung endah, kanggo urip kita saiki.

Pangorbananing dhiri

Yokanan 12 : 1 - 8
Kanggo nggayuh apa kang dadi kekarepane, saben wong rila ngurbanake apa kang dadi duweke supaya apa kang dadi gegayuhane mau kaleksanan.
Umpamane kanggo nggayuh kasarasan, manawa kudu sesirik dhaharan kang ngandhung kolesterol, kanggo nggayuh supaya para putrane bisaa pinter - pinter, wong tuwa mesthi nggolekna sekolahan kang prayoga , sanadyan anggone ngragadi kanthi rekasa, lsp.
Ananging bisa uga amarga gegayuhane wus kalakon, banjur ngorbanake kanggo rasa atur panuwun, kaya ing waosan iki, Maria ngturake syukur kanthi nglengani sampeyane Gusti Jesus nganggo lenga narwastu kang larang regane, umpama wektu saiki mono (maret 2010) kurang luwih pangaji 12 yuta rupiah, sarta ngusapi sampeyane Gusti kanthi rambute.
Kena ngapa Mariya tumindak ngono mau awit Gusti Jesus wis nangekake Lazarus sedulure Mariya sing wis mati 4 dina ana kuburane, rega lenga wangi kang semono gedhene ora kaanggep boros, lan rambut minangka kebanggaane wanita uga rinasa ora abot kanggone Mariya kang atine pancen bungah banget.