Sabtu, 28 Maret 2009

Kita bisa ngapura

Maos kitab Ayub 5 : 2
Andre atine lara banget, awit bubar diblenjani dening kadange kang banget ditresnani, Andre banjur matur bapake manawa atine tuwuh rasa benci karo kadange mau, jane mono Andre ya gelem ngapura manawa kadange mau gelem ngakoni kaluputane lan nyuwun pangapura, nanging genea wis ditunggu - tunggu kok kadange mau ayem - ayem wae, mula Andre banjur benci.
Karo bapake Andre dijak menyang nggudang , Andre didhawuhi ngecek mesin potong suket sing wis suwe ora tau digunakne, jebul wis teyengen kabeh malah rodane peso potonge ora bisa mubeng, bapake banjur ngandhani Andre supaya mesine diresiki teyenge lan dilengani , di puter - puter bagian sing kudu mubeng, sakwise resik tenan lan dilengani, wusanane mesin mau bisa digunakne kanthi lancar.
Bapake banjur ngandhani Andre, mengkono uga yen atine manungsa mau ketuwuhan rasa benci, lan kuciwa terus - terusan , rasa - rasa mau bisa marakne ati mau teyengen amarga ora kagunakae kanggo ngapura keluputane wong liya, anae mung kuciwa lan lara ati wae, mula bapakne dhawuh supaya Andre ngapura kaluputane kadange mau sanadyan kadange ora gelem nyuwun ngapura, amarga durung mesthi yen kadange mau ngrumangsani gawe kaluputan, bisa uga kadange mau rumangsa yen tindake mau wis bener,
Mangkono uga awake dhewe iki ana ngarsane Allah, akeh tandang tanduk muna muni sing cengkah karo kersane Gusti Allah, nanging nyatane Gusti Allah kersa ngapura sakabehing kaluputan kita, mandar Gusti Yesus Sang Putra kersa rawuh ing donya, nglampahi sangsara seda sinalib lan wungu ing telung dinane, saperlu ngapura kasalahan kita manungsa.

Tidak ada komentar: