Minggu, 23 November 2008

Aku iki abdine Pangeran

"Sumangga, kawula punika abdinipun Pangeran kadhatengana kados dene ingkang Paduka ngendikakaken"

Manawa tiyang nampa warta, tanggapan tiyang umumipun gumantung kaliyan warta ingkang dipun tampeni, yen warta wau mbungahake ati temtu pangadikanipun sae " matur nuwun " utawi "puji syukur" , nanging kosok wangsulipun manawa warta wau nyedhihake , tiyang umumipun mboten saged ngendika punapa - punapa , lan manawi warta wau ngelek - elek dhateng pribadinipun, umumipun lajeng ngedalaken pangandikan ingkang kirang sae, mandar nama sato kewan alas mijil sadaya.
Nanging kebiasaan kala wau nyebal kaliyan ingkang dipun tindakaken dening ibu Mariya, ibu Mariya ingkang wedal semanten nembe pepacangan kaliyan bapa Yusuf, pikantuk warta bilih ibu Mariya badhe nggarbini saha badhe kagungan putra kakung, sepisanan kaget sanget kaliyan warta ingkang mokal kala wau, awit ibu Mariya rumaos dereng nindkaken jejering jejodhoan, awit pancen nembe pepacangan, nanging sarehne ingkang paring kabar wau utusanipun Gusti Allah, lan katerangaken bilih pancen ibu Mariya badhe nggarbini lan kagungan putra kakung kang asmanipun "Immanuel" sampun kacethakaken dening malaikatipun pangeran ibu Mariya mboten saged suwala, lan ibu Mariya ngrumaosi bilih dados abdinipun Gusti Allah ngaten kedah sumarah kanthi tulus.
Kula kinten mboten wonten pawestri sanes ingkang saget nindakaken punapa ingkang katindakaken dening ibu Mariya kala wau.

Tidak ada komentar: