Minggu, 23 November 2008

Banyu dadi anggur

"Padha kentekan anggur"
Ibu Mariya ingkang wedal semanten nenbe rewang wonten ing dhusun Kana, Ibu Mariya mirsani manawi ingkang gadhah damel kekirangan anggur kangge segahan, manawi prekawis wau mboten saget pikantuk anggur temtu tiyang ingkang ngawontenaken hajadan kala wau badhe manggih lingsem, nanging ibu Mariya penggalihanipun berlian sanget, awit ibu Mariya mboten ngendika dhateng tiyang ingkang rewang sanes ingkang kapokok dening ingkang kagungan damel, ibu Mariya lajeng ngendika dhateng Gusti Yesus, ibu Mariya pitados manawi Gusti Yesus temtu kuwaos lan kersa maringi anggur ingkang dipun betahaken.
Sinaosa Gusti Yesus ngendika "Ibu panjenengan ngarsakaken punapa dhateng kula ? dereng dumugi wedal kula"
Nanging ngendikanipun Gusti Yesus ingkang makaten wau mboten nyurutaken kapitadosanipun ibu Mariya, saget dipun tingali kaliyan dhawuhipun ibu Mariya dhateng para pelados "Apa sadhawuhe marang kowe padha lakonnana"
Kasunyatanipun pancen makaten para pelados ingkang kadhawuhan dening gusti Yesus supados genthong - genthong diiseni toya, lan kadadosanipun sareng toya - toya wau dipun aturaken dhteng tetungguling pahargyan, sanyatanipun toya wau sampun dados anggur iongkang raosipun langkung eca katandhing anggur ingkang sampun kaladosaken ing ngajeng.

Tidak ada komentar: