Minggu, 28 Maret 2010

Pangandikane Gusti Allah gawe sukarena

Yokanan 21 : 1 - 9
Petrus, Thomas, Natanael, Yokanan, Yakobus, lan kancane loro maneh kang ora kasebutake jenenge, padha golek iwak ana ing danau Tiberias, mbaleni gawean lawas.
Nanging eloking kahanan, Petrus lan kanca - kancane mau tukang golek iwak wiwit lair awit saka wong tuwane, anggone golek iwak wektu kuwi ora oleh iwak siji - sijia , pari basan wader cethul siji wae ora oleh.
Baren wis awan padha bali minggir, kira - kira dohe saka pinggiring danau kurang luwihe 100 meter, ana pawongan (Gusti Jesus, kang durung dingerteni) dhawuh supaya jalane tinibake maneh manengen / ing tengene perahu, ya saka daya pangribawane dhawuh mau sanadya padha ora mangerti sapa sing dhawuh mau, iya padha nindakna dhawuh mau, kocapa bareng dhawuh mau ditindakna, jalane ditarik, kebak iwak gede - gede kehe ana 153 iwak gede - gede.
Yokanan dadi eling manawa kang dhawuh mau Gusti Jesus, banjur ngandhani kanca - kancane, Petrus banjur nganggo sandhangan lan nyebur danau marani Gusti Jesus, kanca - kancane ya banjur padha marani Gusti Jesus, lan padha weruh ing pinggire danau mau wis ana iwak lan roti bakar cumawis.
Gusti Jesus banjur dhawuh maneh supaya njupuk iwak sebagian kang mentas dijala mau, kabeh mau mesthi ana kersane Gusti kang sakalangkung endah, kanggo urip kita saiki.

Tidak ada komentar: