Minggu, 28 Maret 2010

Pangorbananing dhiri

Yokanan 12 : 1 - 8
Kanggo nggayuh apa kang dadi kekarepane, saben wong rila ngurbanake apa kang dadi duweke supaya apa kang dadi gegayuhane mau kaleksanan.
Umpamane kanggo nggayuh kasarasan, manawa kudu sesirik dhaharan kang ngandhung kolesterol, kanggo nggayuh supaya para putrane bisaa pinter - pinter, wong tuwa mesthi nggolekna sekolahan kang prayoga , sanadyan anggone ngragadi kanthi rekasa, lsp.
Ananging bisa uga amarga gegayuhane wus kalakon, banjur ngorbanake kanggo rasa atur panuwun, kaya ing waosan iki, Maria ngturake syukur kanthi nglengani sampeyane Gusti Jesus nganggo lenga narwastu kang larang regane, umpama wektu saiki mono (maret 2010) kurang luwih pangaji 12 yuta rupiah, sarta ngusapi sampeyane Gusti kanthi rambute.
Kena ngapa Mariya tumindak ngono mau awit Gusti Jesus wis nangekake Lazarus sedulure Mariya sing wis mati 4 dina ana kuburane, rega lenga wangi kang semono gedhene ora kaanggep boros, lan rambut minangka kebanggaane wanita uga rinasa ora abot kanggone Mariya kang atine pancen bungah banget.

Tidak ada komentar: